Sabtu, 15 Maret 2014

Dongeng Timun Mas Bahasa Cirebon

Timun mas

Teng satunggal dusun gesanglah setiang janda sepuh, ingkang wastane Mbok Sarni. Samban dinten mbok sarni ngentokaken waktose piyambekan, keranten mbok sarni mboten gadah pecil. Selerese Mbok Sarni kepingin sanget gadahi pecil supados saged ngebantos padelamane.
Pados setunggal sonten kesahlah Mbok Sarni teng hutan kangge ngilari kenjing bakar, atanapi teng tengah margi mbok sarni kepanggih sareng raksasa ingkang sanget ageng.
”Heh , bade teng pundi sampeyan? ”, tanglet raksasa.
“kula cumi badhe ngempalaken kenjing bakar , dados izinkanlah kula lewat.”, jawab mbok sarni.
“Hahahaha, sampean angsal lewat sesampune nyukani kula setiang pecil. Kangge kula dahar”.  Wiraos si raksasa
Selajenge mbok sarni ngejawab,
 “ atanapai kula mboten gadah anak.”
Sesampune Mbok Sarni wiraos upami Mbok Sarni mboten gadah pecil, selajenge raksasa nyukani wijil mentimun, raksasa niku wiraos
 “ Istri sepuh niki kula nyukani sampean wijil mentimun, tanamlah wijil niki teng latar griyane sampean, lan sesampune kalih minggu sampean angsal pecil. Atanapi kemutan, serahkan pecil niku pados kula sesampune yuswa enam taun.
“ enggih raksasa”. Jawab Mbok sarni.
Sesampune kalih minggu mentimun niku wonten uwone ingkang sanget lebat lan wonten setunggal mentimun ingkang cekap ageng. Selajenge Mbok Sarni njukut mentimun niku lan ngebelahne sesampune dibelah isine yaniku setiang bayi ingkang sanget ayu. Bayi niku disukani wastane timun mas. Nambah dinten Timun Mas nambah ageng lan mbok Sarni sanget bunga keranten griyane mboten sepi malih, lan sedanten pedamelane saged pragat keranten bantuan Timun Mas
Akhire dugilah raksasa niku kangge nagih janji, mbok sarni sanget wedi  lan mboten kepingin keicalan Timun Mas.
Selajenge Mbok Sarni wiraos “ Raksasa dugilah teng mriki kalih taun malih, nambih ageng pecil niki, nembih eca kangge didahar”.
 Siraksasa niku pun setuju lan kesah saking griyane Mbok Sarni.
Waktos kalih taun mbotenlah waktos ingkang lami, keranten niku samban dinten Mbok sarni ngilari akal kepripun carae supados Timun Mas mboten dibakta si raksasa. Ati mbok Sarni sanget cemas, lan akhire pados suatu dalu Mbok Sarni mimpi, teng mimpi niku Mbok Sarni disumerepi supados Timun Mas nemui petapa teng gunung.
Enjing dintene Mbok sarni ngongkon Timun Mas kangge nemui petapa niku. Sesampune kepanggih sareng petapa, Timun Mas selajenge wiraos tentang maksud kedugiane. Sang petapa nyukani seakawa  bungkusan ingkang isine wijil mentimun, jarum, uya lan teraos.
“ Lemparken setunggal per setunggal bungkusan niki, upami sampean dikejar sareng raksasa niku.” Perintah petapa.
Selajenge Timun Mas wangsul teng griyane lan langsung nyimpen bungkusan saking petapa niku .
Enjinge raksasa niku dugi maning kangge nagih janji
 “ Istri sepuh, teng pundi pecil niku ? kula sampun mboten tahan kangge ngedahare.” Teriak raksasa.
 Selajenge Mbok Sarni ngejawab, “mboten kenging sampean njukut Timun Mas raksasa, keranten kula sanget sayang pados Timun Mas. Luwih sae kula mawon ingkang sampean dahar.”
  Raksasa mboten mau nerima tawaran Mbok sarni, lan akhire raksasa niku ngamuk sanget.
 “ pundi pecil niku ? teriak raksasa.
 Keranten mboten tega ningali Mbok sarni nangis akhire Timun Mas medal saking tempat sembunyiane
 “Kula teng riki raksasa, tangkaplah kula upami sampean saged !!! teriak Timun Mas.
Raksasapun mengejar Timun Mas , lan Timun mas milai ngelemparaken kantong ingkang isine mentimun, sanget ajaib hutan dados ladang mentimun ingkang sanget lebet uwone. Raksasapun dados terhambat keranten batang timun niku ngelilit awake atanapi akhire raksasa  sampun bebas juga. Lan milai ngejar Timun Mas malih selajengen Timun Mas ngelemparaken kaltong kalih ingkang isine jarum lan tumbulah wiwitan bambu ingkang sanget duwur lan tajam. Sareng suku ingkang luka keranten tertancap bambu niku, raksasa terus mengejar. Selajenge Timun Mas ngebuka bungkusan ingkang isine uya, hutanpun dados lautan ingkang luas, atanapi lautan niku saged dilalui raksasa.
 “hahaha, niki sanget gampang “. Wiraos raksasa.
 Akhire Timun mas haburaken teraos lan lautan dados lumpur ingkang mendidih lan raksasa niku mlebet teng lebete. Akhire raksasa niku pejah.
Timun Mas bersyukur pados Tuhan ingkang maha esa, keranten sampun nyelamataken saking raksasa ingkang kejam. Akhire Timun Mas lan Mbok sarni gesang bahagia lan damai.


Kalo mau Jangan lupa komen !
@SeptyawanP
Septyawan Dwiputra

Tidak ada komentar:

Posting Komentar