Timun mas
Teng satunggal dusun gesanglah setiang janda sepuh, ingkang wastane Mbok Sarni. Samban
dinten mbok sarni ngentokaken waktose piyambekan, keranten mbok sarni mboten
gadah pecil. Selerese Mbok Sarni kepingin sanget gadahi pecil supados saged
ngebantos padelamane.
Pados setunggal sonten kesahlah Mbok Sarni teng hutan kangge ngilari kenjing bakar, atanapi teng
tengah margi mbok sarni kepanggih sareng raksasa ingkang sanget ageng.
”Heh
, bade teng pundi sampeyan? ”, tanglet raksasa.
“kula
cumi badhe ngempalaken kenjing bakar , dados izinkanlah kula lewat.”, jawab
mbok sarni.
“Hahahaha,
sampean angsal lewat sesampune nyukani kula setiang pecil. Kangge kula
dahar”. Wiraos si raksasa
Selajenge
mbok sarni ngejawab,
“ atanapai kula mboten gadah anak.”
Sesampune
Mbok Sarni wiraos upami Mbok Sarni mboten gadah pecil, selajenge raksasa nyukani
wijil mentimun, raksasa niku wiraos
“ Istri sepuh niki kula nyukani sampean wijil
mentimun, tanamlah wijil niki teng latar griyane sampean, lan sesampune kalih
minggu sampean angsal pecil. Atanapi kemutan, serahkan pecil niku pados kula
sesampune yuswa enam taun.
“
enggih raksasa”. Jawab Mbok sarni.
Sesampune
kalih minggu mentimun niku wonten uwone ingkang sanget lebat lan wonten
setunggal mentimun ingkang cekap ageng. Selajenge Mbok Sarni njukut mentimun
niku lan ngebelahne sesampune dibelah isine yaniku setiang bayi ingkang sanget
ayu. Bayi niku disukani wastane timun mas. Nambah dinten Timun Mas nambah ageng
lan mbok Sarni sanget bunga keranten griyane mboten sepi malih, lan sedanten
pedamelane saged pragat keranten bantuan Timun Mas
Akhire
dugilah raksasa niku kangge nagih janji, mbok sarni sanget wedi lan mboten kepingin keicalan Timun Mas.
Selajenge
Mbok Sarni wiraos “ Raksasa dugilah teng mriki kalih taun malih, nambih ageng
pecil niki, nembih eca kangge didahar”.
Siraksasa niku pun setuju lan kesah saking
griyane Mbok Sarni.
Waktos
kalih taun mbotenlah waktos ingkang lami, keranten niku samban dinten Mbok
sarni ngilari akal kepripun carae supados Timun Mas mboten dibakta si raksasa.
Ati mbok Sarni sanget cemas, lan akhire pados suatu dalu Mbok Sarni mimpi, teng
mimpi niku Mbok Sarni disumerepi supados Timun Mas nemui petapa teng gunung.
Enjing
dintene Mbok sarni ngongkon Timun Mas kangge nemui petapa niku. Sesampune
kepanggih sareng petapa, Timun Mas selajenge wiraos tentang maksud kedugiane.
Sang petapa nyukani seakawa bungkusan
ingkang isine wijil mentimun, jarum, uya lan teraos.
“
Lemparken setunggal per setunggal bungkusan niki, upami sampean dikejar sareng
raksasa niku.” Perintah petapa.
Selajenge
Timun Mas wangsul teng griyane lan langsung nyimpen bungkusan saking petapa
niku .
Enjinge
raksasa niku dugi maning kangge nagih janji
“ Istri sepuh, teng pundi pecil niku ? kula
sampun mboten tahan kangge ngedahare.” Teriak raksasa.
Selajenge Mbok Sarni ngejawab, “mboten kenging
sampean njukut Timun Mas raksasa, keranten kula sanget sayang pados Timun Mas.
Luwih sae kula mawon ingkang sampean dahar.”
Raksasa mboten mau nerima tawaran Mbok sarni,
lan akhire raksasa niku ngamuk sanget.
“ pundi pecil niku ? teriak raksasa.
Keranten mboten tega ningali Mbok sarni nangis
akhire Timun Mas medal saking tempat sembunyiane
“Kula teng riki raksasa, tangkaplah kula upami
sampean saged !!! teriak Timun Mas.
Raksasapun
mengejar Timun Mas , lan Timun mas milai ngelemparaken kantong ingkang isine
mentimun, sanget ajaib hutan dados ladang mentimun ingkang sanget lebet uwone.
Raksasapun dados terhambat keranten batang timun niku ngelilit awake atanapi
akhire raksasa sampun bebas juga. Lan
milai ngejar Timun Mas malih selajengen Timun Mas ngelemparaken kaltong kalih
ingkang isine jarum lan tumbulah wiwitan bambu ingkang sanget duwur lan tajam.
Sareng suku ingkang luka keranten tertancap bambu niku, raksasa terus mengejar.
Selajenge Timun Mas ngebuka bungkusan ingkang isine uya, hutanpun dados lautan
ingkang luas, atanapi lautan niku saged dilalui raksasa.
“hahaha, niki sanget gampang “. Wiraos
raksasa.
Akhire Timun mas haburaken teraos lan lautan
dados lumpur ingkang mendidih lan raksasa niku mlebet teng lebete. Akhire
raksasa niku pejah.
Timun
Mas bersyukur pados Tuhan ingkang maha esa, keranten sampun nyelamataken saking
raksasa ingkang kejam. Akhire Timun Mas lan Mbok sarni gesang bahagia lan
damai.
Kalo mau Jangan lupa komen !
@SeptyawanP
Septyawan Dwiputra





